Selasa, 11 Juni 2013

dalan bener



DALAN BENER



            Akeh wong kang podho percoyo kapiluyu marang poro pujonggo utowo wiku kang waskitho lan mangerti marang bongsone ghaib, akeh kang banjur angedhekake padepokan utowo pacrabaan kanggo mulang poro siswo-siwone, nangin kang bener sing diarani wong tua kuwi yo iku manungso kang iso nompo dawuhing gusti, banjur lelandesane utowo toto carane ora nganngo sarat-sarat kang maneko warno nanging nganggo sarono “ngadep urip nunggang roso”, yoiku keno diwastani ngadep marang ingkang paring gesang saranane madep mantep dilandasi ati kang kedunungan kasucian sejati, kuwi kang bakal biso nompo dawuhing gusti lantaran atine dewe, dadi salah yen duweni penganggep lan piyandel pingin mangerti dawuhing gusti isih anjagakake poro pujonggo utowo wiku, amargo manungso kuwi wis diparingi roso yo ati soko Gusti kanggo nompo dawuhing Gusti. Yen dadi wong tuwo rumongso begjo, menowo anak-anake podho mituhu ing dalaning kautaman kang nuntun marang rahayuning urip ing donyo tumeko ing delahan.
Rehning ing wektu iki akeh banget tuwuhing aliran kang maneko warno kang ngandarake piwulang kebatinan utowo kasuksman, Ke-Allahan, mulo supoyo ora tido-tido utowo yangu-rangu kanggone poro kang goleki pepadanging soko piwulanging Gusti, iki ora arep ngedekake ajaran anyar utowo ngowahi tatanan kang wus ono, nanging kanggo nambawi wewasan lan pengalaman, amprih supoyo luwih mandes ono ing batin. Iki yo among nuduhake dalan kang bener lan dalan kang simpangan lan ngelingake marang kang podho lali marang kewajiban suci ugo paring pituduh bab pangolahing ati lan cipto marang kang podho percoyo opodene marang kang podho niat ngupoyo tuntunan lan pepadanging Gusti, bisane ketemu yo ana ing telenging ati sanubari        
            Ing sjroning jaman kang retu iki akeh kerusakkan kang perlu didandani lan diwaluyakake, amargo ing antarane para umat akeh kang padha rusak mahanani keblinger satemah kesasar laku jantrane, Awit saka iku banjur padha mangeran kang dudu mestine pinangeran, padha manembanh marang kang ora sakmesthine sinembah, kalebu bongso kadonyan. Akeh umat kang pada lali marang kewajiban suci, yaiku sutik ngabekti ing Gusti Allah, padha ora  mituhu marang dawuhing Gusti kepara ana kang wani ngrusak pranataning Gusti, jalaran saka iku jagad banjur retu, pepeteng anglimputi atine wong-wong kang padha lali, amarga padha ngedohi marang pepadang lan sumingkir saka dalan kang bener, mulo banjur padha bingung pating belilung, numbuk bentus lakune lan padha crah pasulayan, cengil-cengilan lan padha memungsuhan, wekasane dadi bandanganing iblis lan bakal nampa piwelehing Pangeran, yaiku tumibaning pedang pengadilaning Angger-angger langgeng.
Dene kang pada piyandele kang bener, yaiku kang pada ngrungkepi surasane syahadat utawa prasopo kang wis diungelake lahir kang didasari penyengkuyunge rasa batin, kang tansah pada semungkem lan nindakake tata cara lan sarat-sarat kang wis katemtokake miturut dawuh lan pepacuhing Gusti kang wis tinulis ana sajroning kitab suci, nanging kitab suci kang sejati yo alam iki. Mulane aja enak kapienak, kudu enggal didandani lan aja pada angende-ende wanci ing sadurunge suruping srengenge tumuju dalan kang bener. Pituduh lan ajaraning Gusti pindhane obor kanggo madangi dalan yaiku ati supaya slamet lakune ing dalan kang rungsit lan lunyu, aja mung nyawang marang padanging obor mundak keblolokan wekasan kesandung lan kepleset lakune, lan pada apik-apikan obor mundak nuwuhake pasulayan lan cecongkrahan. Opo maneh pada rebutan bener apik-apikan ilmu utawa kawruh amarga manungso kuwi ngerti bener lan luput amung bisa dirasakake ana sajroning rasa kang wening kang dumunung ana sak telenging ati sanubari, mula ora perlu kanggo rebutan dek utawa rebutan bener, apa maneh rebutan suwara gur kanggo mikolehake pribadine ben diarani wong kang pinunjul supaya digungake lan disebya-subya wong akeh, iku wis kalebu metu saka paugeran amarga landesane wis ana pamrih, mangko nindakake dawuhing gusti kuwi kudu dilandesi rasa iklas, utawa labet kang duweni teges nyambut gawe tanpo pamrih. Keno diumpamakake pegawai negeri kang ngabekti marang negarane, yen ditindakake kanti temen lan bener, ora protes marang Negara utawa njaluk gajine, Negara kuwi wis nyepakai lan bakal menehi yen wis pas tanggale bakal nompo, opomaneh ngabekti marang Gusti, soyo akeh labete Gusti ya soyo akeh maringi kemurahane, kabegjan, lan kemudahan.
            Lelandesan kang dadi underaning manungso kuwi kudu pracaya marang anane Gusti, ya sang guru sejati, ya sang sukma sejati, sifating suksma kawekas ya nur pepadanging Gusti, kang dadi panutan tunggal kang dumunung ono sajroning telenging urip utawa kang manunggal ana sajroning telenging ati sanubari kang suci, manungsa ora bisa ketemu marang panjenengane nanging kadunungan rasa cerak koyo dene manunggal ing telenginging ati sanubari ya ing rasa sejati. Keno dicandra “sak jeroning ana ora ana apa-apa, sak jeroning ora ana apa-apa kuwi ana, yen ana kuwi dudu”. Kang duweni teges mangkene, Gusti Allah kuwi ora bisa sinawang nganggo ponco indra nanging Gusti kuwi ana, yen ana wewujuddan kang awujut sinar kang endah warnane utawa sesawangan kang trenyuhake ati kang ngaku kuwi Gusti Allahe kuwi kleru kang gedhe, lan mlebu ana alaming godho utawa begalaning bongso alus kang nyimpangake dalan supaya ora bisa balimarang asal mulane, asale saka Gusti baline ya marang Gusti, asale suci baline ya kudu suci, yen ana sak wenehing pawongan kang isih nganggo sabangsane ilmu, aji kawijayan, utawa ismu yen bali menyang asale kang sejati bakal ngreridu lan nggubel jiwa ragane. Mula kang becik kudu diruwat cara jawane, rukyah cara arabe, nindakake pangruwatan sejatine ora angel, sing gawe angel kuwi mung sawenehing manungso kang isih golek pamrih marang kasangsaran liyan, kanthi sarat duwit, raja brana lan naggap wayang lakon ngruwat sengkolo, Gusti kuwi maha welas lan asih, kang sepisan manungsa kuwi kudu eling utawa sadar, terus nyadari tingkah laku lan tumindak kang ora bener, yen wis mangerti dodok seleh salahe banjur nyuwun pangapuro marang gusti, lan banjur nindakake laku kang bener ora maneh kapi-kapi mbaleni tumindak kang ora bener.
Gubelani ati kang biso nutupi ora bisa nompo dawuhing gusti yaiku contone :
1.    Susah sumeng
2.    Peteng buteng
3.    Jetung bingung mutung
4.    Rengu (nesu), rangu-rangu (samar)
5.    Cuwa, gelo, ngangsa-ngangsa murka
6.    Sujanan, panas branan, gumunan
7.    Drengki srei jahil methakil lan sak panunggalane
Semana ugo ora keno ati tansah kelet kantil kumantil tresna marang barang-barang kang gumelar ana ing dunya kang iso uwah gingsir, ora bisa ninggalake nanging kudu diganakake kang sakmesthine. Mula kudu duweni rasa “aja rumangsa duweni nanging bisaa rumangsa”, kabeh kuwi amung titipane gusti kang sawanci-wanci bisa bali, apa maneh raja brana yen manungsa wis janjine kudu bali marang asal awiting urip ya ora bisa enda lan suwala.
Yen wis bisa cara pangudine megat lan ninggalake katresnan kanthi iklas (rila) ing samangsa-mangsa kudu pepisahan marang kang ditresnani bisa kanggo sarana ngracut lan ngluwari bebandan mahani dadi ati madep mantep kanthi santosa marang Gusti. Sekabehane kang gumelar ana alam dunya iki kapurba lan kawaseso dening hukum angger-angger langgeng, yaiku babaring karsa wicaksana lan panguwasaning Pangeran Kanag  Maha Tunggal, mula wajib manungsa ing ngatasing owah ginsiring kahanan, mung kudu pasrah sumarah marang babaraning angger-angger langgeng, yaiku Karsaning Pangeran. Luwih sampurna maneh yen wis bisa angurbanake “Aku-ne”. Kang gawene ndaku-ngaku-aku yaiku yen wis bisa njumenegake Roh suci ing sajroning ati sanubari, utawa kang wis bisa ora andisikake karep nanging tansah andisikake rasane. Dene tandane wungune kesadaran kang sejati utawa wungune Roh Suci ing batin yen wis bisa nelukake hawa lan nafsune. Wungu kuwi keno diumpamakake wong kang lagi turu banjur tangi, yen wis tangi keno diarani wong kang sadar, nanging sejatine kang kabuka kuwi yo kabuka mripat lahir lan batine, akeh kang kabuka mripat lahire nanging ora kabuka mripat batine kang sakbanjure tansah tumindak gawe kasengsaran pribadi lan liyane. Mripat ya makrifat, ya sadar kang sejatining sadar, sadar sakjeroning sadar, eling sakjeroning eling, ya tansah eling marang kang paring Gesang. Ana ajaran Islam kasebut didawuhi tansah dzikir kang mawa teges eling, ana kapujanggan diungelake mangkene :
            Ing alaming jaman edan, ora edan ora mangan, ewuh oyo wong kang eling, melu edan ora tahan, sak bejo-bejane wong lali, isih bejo wong eling lan waspodho.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar