Kamis, 14 November 2013

NOTO ROSO YO NOTO URIP



NOTO ROSO  YO NOTO URIP



Ati kang dadi kekandangane roso kang sajroning manungso, kang kabelenggu dening erubiruning lakuning karep soko tuke pikiran, bakal gubel lan naleni kang kenceng nganti ati ora biso bongo lan ngremboko, mulo bisane urip kudu podho dilakoni, yo iku noto rosone, sajroning noto roso bakal katoto uripe dening kang moho urip, yen at iwis tinarbuka lan nyawiji marang kang gawe urip lagi biso ngrasakake urip kang sejati, amargo manungso lagi oleh trontong-trontong pepadanging urip kang biso mbuko lan menehi pepadang kanggo nglakoni urip, neng kono wong kang mastani nyawiji rasane, utowo manunggal roso, yen wong Arab mastani ilmu tauhid utowo ilmu panunggal kang dadi prasapane manungso kang lagi ngrumasuk agomo Islam kang ka purwo yoiku ngucapake syahadat tauhid, yen wis manunggal manungso oleh pepadang arupo wisik kang metune soko ati sanubari kang paling jero dewe kang dadi tuking roso sing dadi lelantaraning manungso mangerteni dawuhing Gusti. Kang ora mbedakake manungso soko kulite, agamane kapercayane cacat utuhing badan sarandhu, keno diumpamakake ibarate moto picek sikil bunting, yen teko rosone marang Gusti yo dadi manungso sing sejati kang bisa diarani wong tuwo, amargo biso ngadep urip nunggang roso
Neng kono manungso lagi ngancik urip kang tumoto dening kang Moho urip, banjur manungso oleh kang den arani kamirahaning Gusti lan gangsar lancar samubarang kalir, yo iku cukup, sing dikarepane pedomane ora duwe opo-opo yen butuh ono, amargo Gusti maringi lan nyukupi butuhe manungso ora nuruti karepe manungso. Dumadine duwur tan sundul, caket tanpo senggolan, keri tututono, sekti tanpo aji montro, anane among mangerti, waspodho marang laku jantraning urip. Bisone kelakon mau kudhu adedasar tulus, iklas marang uripe, gampangane tadah, pradah, ora wegah, utowo diarani tansah sukur paringane Gusti, iklas nglakoni dawuhe lan sabar ngadepi kahanan opo wae kanthi dasar tansah eling lan waspodho. Yen durung iklas ojo ngarep arep biso nglakoni tentrem atine banjur kabuki oleh dawuhing Gusti, mulane noto roso ora biso dilakoni nganggo sakedeping mripat utawo suwene sakjleriting thathit, nanging kudu dilakoni kanthi sabar lan ora grusa grusu, amorgo akeh kang dipilah lan dipih sing nganti premati supoyo ora nglanggar soko paugeraning urip lantaran rosoning manungso kang paling jero dewe.