Kamis, 14 Mei 2015

ENTHIK-ENTHIK


ENTHIK-ENTHIK


Pitutur Piwulang Jawa ing tembang macapat Asmaradana


“Dongeng Enthik-Enthik”


Ana dongeng enthik-enthik

si penunggul patenana

penunggul apa dosane?

ngungkul-ungkuli sasama

aja dhi mundhak kuwalat

lhah iya bener kandhamu

lali sumber katiwasan


Tembang ing dhuwur wosing ngandhakake driji manungsa. Driji manungsa kuwi ana lima, jempol kuwi paling cendhak tur lemu dhewe, panuding (telunjuk), panunggul sing dhuwur dhewe, manis (jari manis), lan jenthik sing cilik dhewe.

Panunggul iku diarani anak nomer siji, manis nomer loro, panuding nomer telu, jenthik nomer papat, lan jempol kang pungkasan. Kabeh driji lima mau sedulur.


Sawijining dina Manis rumangsa serik atine jalaran kalah dhuwur tinimbang Panunggul. Mula banjur ngajani Jenthik mangkene.

“Enthik-Enthik, si Panunggul patenana!”

Jenthik takon, “Panunggul apa dosane?”

Diwangsuli Manis, “ngungkul-ungkuli sasama.”

Karepe, ing antarane driji lima mau Panunggul katon umuk dhewe jalaran gedhe dhewe lan dhuwur dhewe.

Panuding ngelingake, “aja, Dhi! Mundhak kuwalat.”

Jempol banjur nyambung rembug, mbenerake Panuding, “lhah, iya bener kandhamu, lali sumber ketiwasan.”


APA TA PIWULANGE?

Candhake cekak aos. KUWALAT. Kok bisa?

Tiyang Jawi kuwi kebak ing simbol, tegese yen wicara apadene ngandhani ora apa anane, mawi simbol-simbol. Ora teges kok basa-basi, nanging ngajeni tumraping liyan, tansah jaga atine liyan supaya ora “mak jleb-jleb” yen para mudha ngarani. Saking njlimete piwulange akeh sing ora mangerteni tegese, amargo ora cukup dipikir nanging kudu disemak surasane, banjur dirasakake, yen ditompo opo anane malah keblinger, nanging kudu karoso, yen wis mangerteni supoyo ora gampang lali, menowo gur di omongake terus terang biasane gampang lali amargo ora mandes teko rosone.

Ing crita iki, manungsa kuwi diumpamakne driji lima (simbole driji lima). Diandharake menawa wani karo sedulur tuwa kuwi bisa kuwalat. Ora mung sedulur tuwa, wani marang wong atuwa uga bisa kuwalat. Kuwalat, ora malati. Sejatine Ibune Malinkundhang kae ora malati, nanging Malinkundhang entuk piwales siksa saka Gusti Kang Maha Kuwasa utawa Allah SWT. Sopo sing gawe bakal nganggo, sopo sing utang bakal nyahur, sopo sing nyilih mbalekake. Sopo sing gelem mangan pedes yo kudu gelem ngrasakake pedes, sopo sing mamah uyah yo kudu gelem ngrasakake asine....

Sabtu, 09 Mei 2015

SUWUNG (KOSONG)

SUWUNG (KOSONG)

Jroning rasa dumunung suci, jroning suci dumunung langgeng, jroning langgeng dumunung suwung, jroning suwung hana, artine: rasa kuwi suci, ora gelem ngapusi, ora gelem goroh, upama rasa legi yo legi, upama rasa pahit ya pahit, karana rasa kuwi suci, rasa kedunungan langgeng, ora owah gingsir, tur ora wujud, amargo duwe sipat kedunungan suwung, manawa bisa suwung lagi hana, tegese ana tuduhing pangeran kang katampa dening si aku lumantar rasa.   Iki wong sing ngarani mati sakjroning urip, urip sakjroning mati, bisa nampa tuduhing pangeran ora lewat pikiran nanging lumantar (wasilah) rasa jati, mulane aja ndhisikake karep nanging ndhisikna rasane.
Mencapai puncak adalah ketika sudah mencapai kekosongan, mencapai tersebut tidak mesti harus bermeditasi dengan duduk lama, akan tetapi cerminan bisa dilihat dalam perilaku sehariannya yang baik, sesuai dengan hati nurani, ini yang kami maksut dengan topo ngrame, atau bertapa dalam hidup keseharian, bertapa digunung, di sungai atau di samudra akan lebih ringan daripada bertapa di tengah masyarakat, dengan banyak godaan yang besar, ini lah pertapaan yang luar biasa berat, banyak wanita cantik, harta bahkan lainnya yang menggahirahkan, topo ngrame juga bisa dikatakan topo selama hidup, tidak usah mencari suwung, kalau sudah bisa menata hidupnya akan menemukan suwung dengan sendirinya...