DALAN
BENER
Akeh wong kang podho percoyo kapiluyu marang poro
pujonggo utowo wiku kang waskitho lan mangerti marang bongsone ghaib, akeh kang
banjur angedhekake padepokan utowo pacrabaan kanggo mulang poro siswo-siwone,
nangin kang bener sing diarani wong tua kuwi yo iku manungso kang iso nompo
dawuhing gusti, banjur lelandesane utowo toto carane ora nganngo sarat-sarat
kang maneko warno nanging nganggo sarono “ngadep urip nunggang roso”, yoiku
keno diwastani ngadep marang ingkang paring gesang saranane madep mantep
dilandasi ati kang kedunungan kasucian sejati, kuwi kang bakal biso nompo
dawuhing gusti lantaran atine dewe, dadi salah yen duweni penganggep lan piyandel
pingin mangerti dawuhing gusti isih anjagakake poro pujonggo utowo wiku, amargo
manungso kuwi wis diparingi roso yo ati soko Gusti kanggo nompo dawuhing Gusti.
Yen dadi wong tuwo rumongso begjo, menowo anak-anake podho mituhu ing dalaning
kautaman kang nuntun marang rahayuning urip ing donyo tumeko ing delahan.
Rehning ing wektu iki akeh
banget tuwuhing aliran kang maneko warno kang ngandarake piwulang kebatinan
utowo kasuksman, Ke-Allahan, mulo supoyo ora tido-tido utowo yangu-rangu
kanggone poro kang goleki pepadanging soko piwulanging Gusti, iki ora arep
ngedekake ajaran anyar utowo ngowahi tatanan kang wus ono, nanging kanggo
nambawi wewasan lan pengalaman, amprih supoyo luwih mandes ono ing batin. Iki yo
among nuduhake dalan kang bener lan dalan kang simpangan lan ngelingake marang
kang podho lali marang kewajiban suci ugo paring pituduh bab pangolahing ati
lan cipto marang kang podho percoyo opodene marang kang podho niat ngupoyo
tuntunan lan pepadanging Gusti, bisane ketemu yo ana ing telenging ati sanubari
Ing sjroning jaman kang retu iki akeh kerusakkan kang
perlu didandani lan diwaluyakake, amargo ing antarane para umat akeh kang padha
rusak mahanani keblinger satemah kesasar laku jantrane, Awit saka iku banjur
padha mangeran kang dudu mestine pinangeran, padha manembanh marang kang ora
sakmesthine sinembah, kalebu bongso kadonyan. Akeh umat kang pada lali marang
kewajiban suci, yaiku sutik ngabekti ing Gusti Allah, padha ora mituhu marang dawuhing Gusti kepara ana kang
wani ngrusak pranataning Gusti, jalaran saka iku jagad banjur retu, pepeteng
anglimputi atine wong-wong kang padha lali, amarga padha ngedohi marang
pepadang lan sumingkir saka dalan kang bener, mulo banjur padha bingung pating
belilung, numbuk bentus lakune lan padha crah pasulayan, cengil-cengilan lan
padha memungsuhan, wekasane dadi bandanganing iblis lan bakal nampa piwelehing
Pangeran, yaiku tumibaning pedang pengadilaning Angger-angger langgeng.
Dene kang pada piyandele
kang bener, yaiku kang pada ngrungkepi surasane syahadat utawa prasopo kang wis
diungelake lahir kang didasari penyengkuyunge rasa batin, kang tansah pada
semungkem lan nindakake tata cara lan sarat-sarat kang wis katemtokake miturut
dawuh lan pepacuhing Gusti kang wis tinulis ana sajroning kitab suci, nanging
kitab suci kang sejati yo alam iki. Mulane aja enak kapienak, kudu enggal
didandani lan aja pada angende-ende wanci ing sadurunge suruping srengenge
tumuju dalan kang bener. Pituduh lan ajaraning Gusti pindhane obor kanggo
madangi dalan yaiku ati supaya slamet lakune ing dalan kang rungsit lan lunyu,
aja mung nyawang marang padanging obor mundak keblolokan wekasan kesandung lan
kepleset lakune, lan pada apik-apikan obor mundak nuwuhake pasulayan lan
cecongkrahan. Opo maneh pada rebutan bener apik-apikan ilmu utawa kawruh amarga
manungso kuwi ngerti bener lan luput amung bisa dirasakake ana sajroning rasa
kang wening kang dumunung ana sak telenging ati sanubari, mula ora perlu kanggo
rebutan dek utawa rebutan bener, apa maneh rebutan suwara gur kanggo mikolehake
pribadine ben diarani wong kang pinunjul supaya digungake lan disebya-subya
wong akeh, iku wis kalebu metu saka paugeran amarga landesane wis ana pamrih,
mangko nindakake dawuhing gusti kuwi kudu dilandesi rasa iklas, utawa labet
kang duweni teges nyambut gawe tanpo pamrih. Keno diumpamakake pegawai negeri
kang ngabekti marang negarane, yen ditindakake kanti temen lan bener, ora
protes marang Negara utawa njaluk gajine, Negara kuwi wis nyepakai lan bakal
menehi yen wis pas tanggale bakal nompo, opomaneh ngabekti marang Gusti, soyo
akeh labete Gusti ya soyo akeh maringi kemurahane, kabegjan, lan kemudahan.
Lelandesan kang dadi underaning manungso kuwi kudu
pracaya marang anane Gusti, ya sang guru sejati, ya sang sukma sejati, sifating
suksma kawekas ya nur pepadanging Gusti, kang dadi panutan tunggal kang
dumunung ono sajroning telenging urip utawa kang manunggal ana sajroning
telenging ati sanubari kang suci, manungsa ora bisa ketemu marang panjenengane
nanging kadunungan rasa cerak koyo dene manunggal ing telenginging ati sanubari
ya ing rasa sejati. Keno dicandra “sak jeroning ana ora ana apa-apa, sak
jeroning ora ana apa-apa kuwi ana, yen ana kuwi dudu”. Kang duweni teges
mangkene, Gusti Allah kuwi ora bisa sinawang nganggo ponco indra nanging Gusti
kuwi ana, yen ana wewujuddan kang awujut sinar kang endah warnane utawa
sesawangan kang trenyuhake ati kang ngaku kuwi Gusti Allahe kuwi kleru kang
gedhe, lan mlebu ana alaming godho utawa begalaning bongso alus kang
nyimpangake dalan supaya ora bisa balimarang asal mulane, asale saka Gusti
baline ya marang Gusti, asale suci baline ya kudu suci, yen ana sak wenehing
pawongan kang isih nganggo sabangsane ilmu, aji kawijayan, utawa ismu yen bali
menyang asale kang sejati bakal ngreridu lan nggubel jiwa ragane. Mula kang
becik kudu diruwat cara jawane, rukyah cara arabe, nindakake pangruwatan
sejatine ora angel, sing gawe angel kuwi mung sawenehing manungso kang isih
golek pamrih marang kasangsaran liyan, kanthi sarat duwit, raja brana lan
naggap wayang lakon ngruwat sengkolo, Gusti kuwi maha welas lan asih, kang
sepisan manungsa kuwi kudu eling utawa sadar, terus nyadari tingkah laku lan
tumindak kang ora bener, yen wis mangerti dodok seleh salahe banjur nyuwun
pangapuro marang gusti, lan banjur nindakake laku kang bener ora maneh
kapi-kapi mbaleni tumindak kang ora bener.
Gubelani ati kang biso
nutupi ora bisa nompo dawuhing gusti yaiku contone :
1. Susah
sumeng
2. Peteng
buteng
3. Jetung
bingung mutung
4. Rengu
(nesu), rangu-rangu (samar)
5. Cuwa,
gelo, ngangsa-ngangsa murka
6. Sujanan,
panas branan, gumunan
7. Drengki
srei jahil methakil lan sak panunggalane
Semana ugo ora keno ati tansah
kelet kantil kumantil tresna marang barang-barang kang gumelar ana ing dunya kang
iso uwah gingsir, ora bisa ninggalake nanging kudu diganakake kang sakmesthine.
Mula kudu duweni rasa “aja rumangsa duweni nanging bisaa rumangsa”, kabeh kuwi
amung titipane gusti kang sawanci-wanci bisa bali, apa maneh raja brana yen
manungsa wis janjine kudu bali marang asal awiting urip ya ora bisa enda lan
suwala.
Yen wis bisa cara pangudine
megat lan ninggalake katresnan kanthi iklas (rila) ing samangsa-mangsa kudu
pepisahan marang kang ditresnani bisa kanggo sarana ngracut lan ngluwari
bebandan mahani dadi ati madep mantep kanthi santosa marang Gusti. Sekabehane
kang gumelar ana alam dunya iki kapurba lan kawaseso dening hukum angger-angger
langgeng, yaiku babaring karsa wicaksana lan panguwasaning Pangeran Kanag Maha Tunggal, mula wajib manungsa ing ngatasing
owah ginsiring kahanan, mung kudu pasrah sumarah marang babaraning
angger-angger langgeng, yaiku Karsaning Pangeran. Luwih sampurna maneh yen wis
bisa angurbanake “Aku-ne”. Kang gawene
ndaku-ngaku-aku yaiku yen wis bisa njumenegake Roh suci ing sajroning ati
sanubari, utawa kang wis bisa ora andisikake karep nanging tansah andisikake
rasane. Dene tandane wungune kesadaran kang sejati utawa wungune Roh Suci ing
batin yen wis bisa nelukake hawa lan nafsune. Wungu kuwi keno diumpamakake wong
kang lagi turu banjur tangi, yen wis tangi keno diarani wong kang sadar,
nanging sejatine kang kabuka kuwi yo kabuka mripat lahir lan batine, akeh kang kabuka
mripat lahire nanging ora kabuka mripat batine kang sakbanjure tansah tumindak gawe
kasengsaran pribadi lan liyane. Mripat ya makrifat, ya sadar kang sejatining
sadar, sadar sakjeroning sadar, eling sakjeroning eling, ya tansah eling marang
kang paring Gesang. Ana ajaran Islam kasebut didawuhi tansah dzikir kang mawa
teges eling, ana kapujanggan diungelake mangkene :
Ing alaming jaman
edan, ora edan ora mangan, ewuh oyo wong kang eling, melu edan ora tahan, sak
bejo-bejane wong lali, isih bejo wong eling lan waspodho.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar