BERGURU PADA AIR
Mari berguru pada air, karena ia memilih mengalir, menembus kokohnya pengunungan yang hatus dilewatinya untuk mencapai hilir, airpun bisa mengikis batu karang yang keras, ia lembut dan kelembutannya adalah kekuatan.
Ia yang kuat memilih bertindak tanpa kekerasan, suatu tindakan yang membutuhkan nyali, karena tidak banyak orang yang memilihnya.
Berguru pada alam yang selalu jujur, apa adanya, yang selalu dinamis mencari kesetimbangan.....
Minggu, 21 Februari 2016
Kamis, 14 Mei 2015
ENTHIK-ENTHIK
ENTHIK-ENTHIK
Pitutur Piwulang Jawa ing tembang macapat Asmaradana
“Dongeng Enthik-Enthik”
Ana dongeng enthik-enthik
si penunggul patenana
penunggul apa dosane?
ngungkul-ungkuli sasama
aja dhi mundhak kuwalat
lhah iya bener kandhamu
lali sumber katiwasan
Tembang ing dhuwur wosing ngandhakake driji manungsa. Driji manungsa kuwi ana lima, jempol kuwi paling cendhak tur lemu dhewe, panuding (telunjuk), panunggul sing dhuwur dhewe, manis (jari manis), lan jenthik sing cilik dhewe.
Panunggul iku diarani anak nomer siji, manis nomer loro, panuding nomer telu, jenthik nomer papat, lan jempol kang pungkasan. Kabeh driji lima mau sedulur.
Sawijining dina Manis rumangsa serik atine jalaran kalah dhuwur tinimbang Panunggul. Mula banjur ngajani Jenthik mangkene.
“Enthik-Enthik, si Panunggul patenana!”
Jenthik takon, “Panunggul apa dosane?”
Diwangsuli Manis, “ngungkul-ungkuli sasama.”
Karepe, ing antarane driji lima mau Panunggul katon umuk dhewe jalaran gedhe dhewe lan dhuwur dhewe.
Panuding ngelingake, “aja, Dhi! Mundhak kuwalat.”
Jempol banjur nyambung rembug, mbenerake Panuding, “lhah, iya bener kandhamu, lali sumber ketiwasan.”
APA TA PIWULANGE?
Candhake cekak aos. KUWALAT. Kok bisa?
Tiyang Jawi kuwi kebak ing simbol, tegese yen wicara apadene ngandhani ora apa anane, mawi simbol-simbol. Ora teges kok basa-basi, nanging ngajeni tumraping liyan, tansah jaga atine liyan supaya ora “mak jleb-jleb” yen para mudha ngarani. Saking njlimete piwulange akeh sing ora mangerteni tegese, amargo ora cukup dipikir nanging kudu disemak surasane, banjur dirasakake, yen ditompo opo anane malah keblinger, nanging kudu karoso, yen wis mangerteni supoyo ora gampang lali, menowo gur di omongake terus terang biasane gampang lali amargo ora mandes teko rosone.
Ing crita iki, manungsa kuwi diumpamakne driji lima (simbole driji lima). Diandharake menawa wani karo sedulur tuwa kuwi bisa kuwalat. Ora mung sedulur tuwa, wani marang wong atuwa uga bisa kuwalat. Kuwalat, ora malati. Sejatine Ibune Malinkundhang kae ora malati, nanging Malinkundhang entuk piwales siksa saka Gusti Kang Maha Kuwasa utawa Allah SWT. Sopo sing gawe bakal nganggo, sopo sing utang bakal nyahur, sopo sing nyilih mbalekake. Sopo sing gelem mangan pedes yo kudu gelem ngrasakake pedes, sopo sing mamah uyah yo kudu gelem ngrasakake asine....
Sabtu, 09 Mei 2015
SUWUNG (KOSONG)
SUWUNG (KOSONG)
Jroning rasa dumunung suci, jroning suci dumunung langgeng, jroning langgeng dumunung suwung, jroning suwung hana, artine: rasa kuwi suci, ora gelem ngapusi, ora gelem goroh, upama rasa legi yo legi, upama rasa pahit ya pahit, karana rasa kuwi suci, rasa kedunungan langgeng, ora owah gingsir, tur ora wujud, amargo duwe sipat kedunungan suwung, manawa bisa suwung lagi hana, tegese ana tuduhing pangeran kang katampa dening si aku lumantar rasa. Iki wong sing ngarani mati sakjroning urip, urip sakjroning mati, bisa nampa tuduhing pangeran ora lewat pikiran nanging lumantar (wasilah) rasa jati, mulane aja ndhisikake karep nanging ndhisikna rasane.
Mencapai puncak adalah ketika sudah mencapai kekosongan, mencapai tersebut tidak mesti harus bermeditasi dengan duduk lama, akan tetapi cerminan bisa dilihat dalam perilaku sehariannya yang baik, sesuai dengan hati nurani, ini yang kami maksut dengan topo ngrame, atau bertapa dalam hidup keseharian, bertapa digunung, di sungai atau di samudra akan lebih ringan daripada bertapa di tengah masyarakat, dengan banyak godaan yang besar, ini lah pertapaan yang luar biasa berat, banyak wanita cantik, harta bahkan lainnya yang menggahirahkan, topo ngrame juga bisa dikatakan topo selama hidup, tidak usah mencari suwung, kalau sudah bisa menata hidupnya akan menemukan suwung dengan sendirinya...
Jroning rasa dumunung suci, jroning suci dumunung langgeng, jroning langgeng dumunung suwung, jroning suwung hana, artine: rasa kuwi suci, ora gelem ngapusi, ora gelem goroh, upama rasa legi yo legi, upama rasa pahit ya pahit, karana rasa kuwi suci, rasa kedunungan langgeng, ora owah gingsir, tur ora wujud, amargo duwe sipat kedunungan suwung, manawa bisa suwung lagi hana, tegese ana tuduhing pangeran kang katampa dening si aku lumantar rasa. Iki wong sing ngarani mati sakjroning urip, urip sakjroning mati, bisa nampa tuduhing pangeran ora lewat pikiran nanging lumantar (wasilah) rasa jati, mulane aja ndhisikake karep nanging ndhisikna rasane.
Mencapai puncak adalah ketika sudah mencapai kekosongan, mencapai tersebut tidak mesti harus bermeditasi dengan duduk lama, akan tetapi cerminan bisa dilihat dalam perilaku sehariannya yang baik, sesuai dengan hati nurani, ini yang kami maksut dengan topo ngrame, atau bertapa dalam hidup keseharian, bertapa digunung, di sungai atau di samudra akan lebih ringan daripada bertapa di tengah masyarakat, dengan banyak godaan yang besar, ini lah pertapaan yang luar biasa berat, banyak wanita cantik, harta bahkan lainnya yang menggahirahkan, topo ngrame juga bisa dikatakan topo selama hidup, tidak usah mencari suwung, kalau sudah bisa menata hidupnya akan menemukan suwung dengan sendirinya...
Selasa, 25 Maret 2014
WAHYU RATU
WAHYU
RATU
Ono sakjeroning alam moyo,
ono suworo kang cetho nanging ora soko kuping, sakjeroning suwung terus ono
kahanan : wahyu ratu kang dumunung ono Prabu Joyo Boyo, Ratu Karitin, kang
jumeneng Ratu ono keblat papat, lan kang ngiring ratu papat, ….
Ini yang saya dapat sekilas tanpa saya minta, ada
tuduh seperti itu, kadang kita tidak minta tapi Tuhan akan memberikan secuil
pengetahuan untuk kita fikirkan. Kalau jaman Gus Dur dahulu, orang yang
menjadi Ratu harus kedunungan atau
dianugerahi wahyu Ratu, kriterianya orang tersebut harus mempunyai perilaku lima perkara yang harus
dilakukan, karena tidak ada yang mudah dan gampang. Orang bisa disebut Ratu bukan hanya yang
memakai mahkota atau peci kebesaran dan menempati puncak kekuasaan didalam
suatu Negara, lebih baik lagi sudah memakai mahkota dan berperilaku baik juga. Wong
kang kedunungan ora mesti kanggone wong kang duweni makutho, ratu kang tanpo
makutho kang jujur temen iklas sabar ngayomi lan adil poromarto, lan ratu kang
tanpo wahyu ratu mahanani alaming horek
lan akeh prahoro ono ngendi-ngendi.
Sabtu, 11 Januari 2014
3 ALAM MANUSIA
3 ALAM MANUSIA
DUMADINING
MANUNGSO ONO TELUNG ALAM
Manungso mapan ono telung alam, yoiku :
- Alam roh utawa alam kandungan
- Alam donyo utawa alam peteng
- Alam sepi utawa alam akhir
Alam
roh utowo alam kandungan .
Alam
roh utawa alam padhang ugo diarani alam panyobo, yaiku alam nalikane manungso
isih ana sakjroning kandhungane ibune, dadi cethane dene alam kandungan diarani
alam roh, alam padhang ugo diarani alam panyobo :
a. Alam
padhang : ing kene si aku (wiji) wus nompo janjining urip kang awujud : polah,
prenah lan panembah kang tegese makaryo, yaiku makaryaning manungso wus
kawiwitan ana sakjroning kandhutan ibu, yaiku sakwuse nampa janjining urip saka
pangeran.
b. Alam
padhang : diarani alam padhang ngemu teges mangkene : ijen tan sepi, rame tan
ono rowang, lungguh tan sundul, turu tan nglilir, luwe pangan sinanding, wareg
tanpo ono anane suci, ing sakjroning alam iki rasa limo runtut, piranti papan
rukun, yaiku kang diarani rukun kang sejati….mulo biso nampa dhawuhing urip
kang awujud janjining urip.
c. C.
alam panyobo : diarani mangkene menawa ana ing alam kandhungan iki akeh
pacobaning ratu, mamprih si wiji ora
dadi lan lestari, menawa wiji ora biso dadi lan lestari, iki den arani roh
rusak, wurung utawa lahir sak durunge titi wanci, roh kang rusak iki ora biso
bali marang asal usul, awit during biso genep anggone nindakake janjining urip
Sak
banjure wijining manungso iku ana loro, yaiku : wiji kang wujud lan wiji kang
ora wujud. Wiji kang wujud yaiku wiji kang nyawiji karo piranti kang dumunung
ana wanita, diarani aku. Wiji kang ora wujud yaiku wiji kautaman kang dumunung
ana manungsa, wiji kang ora wujud iki bisa thukul lamun manungsa nindakake
janji kang ditampa sadurunge dumadi kanthi sujud marang pangeran lumantar urip.
Wiwit
tumetesing wiji kang nyawiji marang si wadhah kang dumunung ana wanita, sangu
lan prabot paringing pangeran kapurbo urip, sorot pirantining naluri cumithak.
Sorot piranti naluri iku tembe mahanani
dadi : watak, kelakuan, solah bowo, perilakuning manungsa. Mangertenono
senadyan tunggal wadhah, ugo sing dadi lantaraning wiji padha, durung mesthi
perilaku, solah bowo, watak lan sipate padha, awit pirantining naluri sing endi
kang sumorot, menowo pirantining naluri kang sumorot mau watak utomo, manungso
kang kadunungan piranti kang utama mau ing tembe handuweni watak kang utama.
Sorot
pirantineng naluri kang awujud kadigdayan serto kanuragan, handayani marang
kasorot nuwuhake watak kang kumingsun, kumalungkung, adigang-adigung, seneng
diugung, kanthi iki wataking manungsa gumantung pirantining naluri kang
sumorot.
Sak
durunge manungsa lahir wis nampa janji saka urip kang wajib ditindakake,
senadyan isih ana alam kandhungan, janji saka kang wijib ditindhakake mau ana
telung perkara :
1. Manembah
marang pangeran lumantar urip
2. Ngopeni
turun
3. Makarya
Janjinng
urip telung perkara iku ora kena kapsah-pisahake, lire menawa manembah marang
pangeran aja lali kanggo ngopeni turun, menawa makarya tansah lelandhesan rasa
manembah mamprih pikolehe biso kanggo ngopeni turun, menawa ngopeni turun kang
linambaran rasa manembah serta makarya. Manungsa nalika ana alam kandungan wus
dipiranteni sarwa gene plan pepak,lan uga wus nampa janji saka pangeran,
nanging isih handuweni rong prakara kang wajib ditindhakake, yaiku :
1. Wajib
nindakake janji kang wus ditampa saka urip, senadyan mung polah lan prenah.
2. Wajib
lahir ana alam dinyo iya diarani alam peteng utawa alam owah
Manungsa
nalika ana ing alam kandhungan wis nindhakake janji kang ditampa saka urip,
kacihno polah lan prenah kang diarani makarya, lire polah : anane
anane mobah lan music, lire prenah yaiku wis mangerteni dalane panembah
lan sopo kang disembah. Alam kangdungan biso diarani alam panyobo, lire : ana
alam kandhungan iki akeh panyobaning ratu, mamrih wiji ora biso dadi lan
lestari, menawa ora dadi lan lestari diarani wurung utawa roh rusak, lair sak
durunge titi wanci, lan ing tembe wiji mau ora bisa bali marang asal-usule,
ateges ora bisa sampurna, maksute ora bisa sampurna yaiku :
1. Durung
bisa nindakake janji kang ditampa saka urip kanthi wutuh lan genep, serto
durung ngopeni turun.
2. Durung
nampa/entuk sambat saka pangeran.
Karana
durung nindhakake janji kanthi wutuh serta durung antuk sambat saka pangeran,
mula si wiji ora bisa bali marang asal-usule, manggon sak enggon-enggon ing
ngendi papan, anut lakuning piranti. Anane wiji ora bisa dadi lan lestari
amarga :
1. Ngundhuh
pakartining piranti
2. Ngundhuh
pakarti?tumindake wong tuwane
3. Aboting
panandhang wong tuwa kang lagi ngandhut
4. Ora
kuwat nampa pacoban kang ditampa utawa kang den diadhepi.
Alam
donyo utawa alam peteng
Alam donyo uga diarani alam peteng uga diarani alam owah,
alam owah tegese ana ing alam donya iki manungsa tansah owah gingsir, kabeh
titahing pangeran ora langgeng,lumaku anut kodrate dhewe-dhewe, alam peteng
tegese : bedo, belo lan kalunta-lunta, awit manungsa kagubel ananne piranti, si
aku ora mangerteni dalane panembah lan ora mangerteni sapa kang wajib sinembah.
Manungsa ana ing alam donya handuweni kuwajiban nindakake
janjining urip kang ditampa sadurunge dumadi, dene janjine urip iku ana telung
perangan yaiku :
1. Manembah
marang pangeran lumantar urip
2. Ngopeni
turun
3. Makarya
Sakabehane
gegayuhan marang kautaman kang bisane warata maratani sekabehaning iku akeh
pacobanig ratu, semono ugo manungso kang ana alam donyo, anggone nindakake
janjine urip supoyo bisa bali marang asal-usul kang sejati ugo akeh pacobaning
ratu, pacobaning ratu kuwi biso tumanduk
awit saka pakartine piranti, senadyan piranti wis kakulinakake
bebarengan manunggal, naming ana kalane kalamun kapethuk kahanan kang abot,
salah sawijining kuwi nyaru wuwus agawe kisruh nganti kahanan dadi tambah
ruwet. Menawa kurang prayitna lan kurang teguh keyakinane bisa tumindhak
nalingsir saka penataning pangeran temah dadi bubrah. Kanggo nanggulangi
pamothahing piranti hamung tansah eling, sumangga nglenggono, ngrumangsani
lamun manungso hamung titah sakwantah, piranti kang mothah tansah rebut deg,
bebasan sapa dhoyong di bopong, lali ing pangabekti. Mula diati-ati marang
pakartining piranti kang handuweni watak :
- Lali ngabekti marang gusti, utawa ngabekti kanthi pamrih, dadi kesasar marang tujuhane, nindakake panembah marang gusti ora dilandesi rasa iklas lan pasrah kang satuhune, iki dadi rumponing durjana juti, temahan keduwung mburi, ing mburi ora ngerti, bisane mung melu payu, beteke bisa udhu, bener luput ora di piker kagowo deranging karep.
- Sudiro prakoso jaya, lagi duwe panguwasa gelem dumindak angkara saka panguwasane, wekasane tinemu gelo, bisane mung nucuh tangga, apa dene kulawarga, murang tata ambeg daksiya wekasaning tinemune gela lan cuwa.
- Lamis kanthi tembung lamis, gedhe-gedhene mung nangis kang bakal ngundhuh kabeh turun kang ora bisa rukun.
- Seneng ngudi jaya kawijayan, guna kasantikan, gedhe pidanane tumprap sapa-sapa kang hanggedhekake panguwasane, kasandhingnging jaya hamung jayaning kumara seta, wong jaman sak iki wong kang ngagulake lakune khodam utawa sakhehing bongso titah alus.
Menawa si aku kagubel waris papat (piranti) iku mahanani
rendhete si aku anggone manembah mring suwung, waris papat kuwi purbanen
(kuwasanana) lan oncatana (dohono), ing kono si aku dumunung ana langgeng.
Menawa rasa langgeng wus ilang ing kono kang ana hamung suwung, suwung iku ora
bisa dirasakake, ing kono pangeran murba jagad saisine. Si aku kang kadunungan
piranti paring pangeran, uga kasorot dening pirantining naluri awit ana alam
kandhungan, piranti naluri kuwi luwih angel katata, angel diupakara, akeh-akehe
ngreridu, gawe ribet seneng dhedheple murih di glape, apa maneng sapa-sapa kang ngudi Ingsun, pirantining
nalri padha ngrubung, padha butuh srawung supaya kapetung, nanging senenge
hambebidung agawe bingung. Lamun kurang pangabektine, anane hamung goreh, sarwa
samar, gampang ngglewang satemah nunjang palang.
Kahanan kaya ing ndhuwur iku ora perlu wedi apadene
samar, elinga lan manunggalo nyuwun tuduhe, nyuwun rahayu, pangeran bakal
paring pepadhang. Gedhening pangabekti mahanani akune naluri kang isih kagubel
dening piranti, kepingin ngayom butuh dipapanake, kang bisa mapanake naluri
hamung turune kang panembahe kanthi aku nunggang rasa ngadhep urip, mula lamun
antuk panyoba, nyuwun tuduhe apa lan kepriye dhawuhe banjur katindhakna.
Alam
sepi utawa alam akhir
Pangajabe manungsa sak uwise rampung kewajibane ana alam
donya, bisa bali marang asal-usule, nanging ora bisa awit manungsa lair ana
alam donya wis anggawa dosa, kang den arani dosa asal yaiku :
- Si aku kadunungan piranti lan prabot
- Dosa ngundhuh pakartining piranti
Awit saka iku manungsa sawise rampung kewajibane ana alam
donya ora bisa terus bali mring asal-usul. Pisahe urip, aku lan raga ikukang
den arani pungkasaning kewajibane manungsa ana alam donya, yaiku oncating si
aku lan urip saka raga. Piranti lan prabot ish anggubel si aku, ing kono si aku
isih rumangso kaya isih urip ana alam donya, oncate piranti saka pangeran
(waris papat) gumantung labete si turun. Menawa si turun ngabekti ora kanthi
aku nunggang rasa ngadepurip, tangeh piranti bisa uwal panggubele, yaiki kang
diarani nglakoni dosa asal. Manwa pisahe
aku-urip-piranti isih ana alam kandhungan (alam roh), si aku ora bisa bali
marang asal-usul, sebab rusaking wadah isih ana alam roh, ya iki kang den arani
roh rusak, mapane ana ngendi papan (sa enggon-enggon). Menawa pisahe lagi lahir
ana alam donya, iki ora bisa bali, awit durung bisa labet serta manembah.
Menawa manungsa mau wis rampung kewajibane ana alam
donya, iki gumantung pangabekti lan panembahe nalika urip ana alam donya,
menawa nalikane urip ana alam donya manungsa mau ngudi jaya kawijayan, baline
katut sing diudi/diyakini, menawa manungsa nindakake urip golek lambaran murih
gampange rejeki, iki ya ora bisa bali marang asal-usul, nanging baline katut
sing dijaluki/lambarane, ya katut piranti papat mau (waris papat), kabeh mau
kena diarani kalap amargo baline ora marang asal-usul.
Kahanan kaya mangkono kuwi tergantung turune kang ish
anan alam donya, kang handuweni kewajiban mapanake wong tuwa lan naluri kang
wus ana alam sepi, karana pangabektine turun kanthi temenan anggone nindakake
janjining urip serta hangghedhekake labet (nyambut gawe tanpo pamrih) kanggo
mapanake naluri, piranti lan prabot si naluri bisa bali marang asale piranti.
Menawa aku lan piranti wus pisah, si aku lan rasa lagi bisa mapan, si aku wis
tentrem. Menawa aku-ne naluri wis
tentrem, si aku-ne naluri bisa labet marang turune, lire soroting katentremane
si naluri bisa sumorotmarang turune kang handayani marang katentreman, menawa
sing dilabeti naluri wus rampung
kewajubane ana alam donya, si aku-ne naluri kang labet mau katuntun dening
uripe sing dilabeti bali marang asal-usul.
Dene rasa, bali marang asale yaiku alam, ya kahanan kaya
mangkono iki sing diarani sampurna. Menawa manungsa nalika uripe pangabektine
marang pangeran lumantar urip (aku nunggang rasa ngadep urip), durung bisa
kapesthekake bali mring asal-usul, awit menowo anggone nindhakake janjining
urip isih tumpang suh rasanem wekasane kaleru kang disembah, yaiku maha suci
lan roh suci.
Kasampurnan
tegese sampurna bali marang asal usul, bali marang kang
anitahake yaiku pangeran utawa sang suwung, gandheng wijining asale saka pangeran,
mula iya bali nyawiji marang pangeran, menawa wiji (si aku) bali nyawiji marang
suwung, sekabehaning pirantining manungsa paringing pangeran bali marang asale
dhewe-dhewe, asale piranti. Piranti paringing pangeran kanga sale saka alam,
bali marang alaming piranti, kasampurnan dadi biso kaperang dadi loro :
1. Kasampurnaning
sejati, tegese wiji saka pangeran katuntun urip bali manunggal mring pangeran
(suwung).
2. Kasampurnaning
piranti, kaperang dadi loro maneh :
1. Piranti
paringing pangeran (waris papat lan prabot)
2. Piranti
kanga sale saka anggone nglakoni utawa tapa brata, iki uga kabagi dadi loro
maneh :
a. Panembah
kang adhedasar waris papat menawa ing tembe rampung kewajibane ana alam donya,
kang nuntun waris papat, baline katut mring alame waaris papat.
b. Panembahe
kang adhedasar ngelmu (nglakoni, topo broto), menawa ing tembe rampung
kuwajibane ana alam donya baline ing tembe si Aku katuntun dening Jim/ngelmune
baline marang asale jim/ngelmune.
Menowo soko pratelan soko duwur, senadyan tembunge
kasampurnan utawa sampurna, iku ora bali marang asal-usule, awit sapa kang ora
manembah lumantar akununggang rasa ngadhep urip ora bisa bali mring asal-usul,
yaiku kang den arani kalap, kamongko ajaraning urip nenuntun marang manungsa
supaya ing tembe lamun wis titi wanci rampung kuwajibane ana alam ndonya,
mamprih bisa bali mring asal usule, menawa siro aku datan nunggang rasa ngadhep
urip aja ngarep-ngarep baliniro, kanthi dasar iku, menawa anggone manembah ora
kanthi nunggang rasa ngadhep urip, si aku ora bisa bali mring suwung utawa ora
bisa bali mring asal-usul, senadyan manungsa wus nindakake manembah kanthi
nunggang rasa ngadhep urip durung kapesthen lamun bisa bali mring asal-usul
(suwung), sebab kala mangsane rasane ora jumbuh nanging tumpang suh.
Menawa tataraning rasa anggone manembah tumpang suh, si
aku ora krasan lamun menggok tumuju marang Roh
suci lan Maha suci, lire Roh suci
ateges Ingsun lungguh ana aku, rasa lungguh ana langgeng, lire Maha Suci ateges Ingsun lungguh ana piranti, aku ana langgeng,
supaya ora tumpang suh gladinen kanthi tekun lan tawakal, lire ora tumpang suh
: aku rasa lan langgeng mapan panggonane dhewe-dhewe kanthi : aku lungguh ana
rasa, Ingsun ana langgeng, yaiku kan diarani rasa tumpang suh, yaiku kang bener
lan pener.
Ora ngemungake aku nunggang rasa ngadhep urip bae,
nanging kudhu dibarengi tumindak adedasar budi luhur, budi luhur yauku tumindak
utawa makarti, ngedhika apa wae kanthi watak kang utama lelandhesan eling marang
kang gawe urip iya kang akaryo jagad.
Dene watak kang utama yaiku :
- Ing kene padha ing kana ora bedo, tegese pamicara, tumindak ing kene ya ing kono ora bedo yaiku jumbuh lahir lan batin
- Tan kewran ngadhepi apa bae awit tinata ing Gusti, tegese wis katata dening Gusti ngadepi apa bae ora miring, ditampa apa anane, gampangake tembung iklas
- Prasaja ginawa boga, timbang mlebu metune, menawa nampa kudu ngguwang.
- Tan mbedahak-mbhedakake siji lan sijine, kuwi sapa lan apa, sugih miskin, drajat pangkat
- Empan papan miturut kahanan
- Sapa salah ditadhah, sapa bener dadi pager utawa panutan
- Lali aja dadi wali tegese ora tumandang alesan lali.
- Suka torah kurang wadhah, suthik karoban suka kurban.
Senin, 30 Desember 2013
HURUF JAWA ATAU HURUP JOWO
HURUF
JAWA ATAU HURUP JOWO
Banyak fersi yang mengungkapkan memaknai yang terkandung
didalam huruf jawa, dan semua makna mengandung banyak kebenarannya karena
memang mengandung makna yang sangat dalam, terkadang hanya orang-orang tertentu
dan yang sudah terbuka batinnya saja yang mampu mendapatkannya, karena ini
berhubungan erat dengat perjalanan spiritual yang pernah dialaminya. Huruf jawa
dibagi menjadi empat bagian :
1. Ho, no, co, ro, ko,
yang berarti ono caroko atau ada utusan
2. Do, to, so, wo, lo,
yang berarti datan sawolo atau tidak ingkar atau setia
3. Po, dho, jo, yo, nyo, yang berarti podho joyonyo atau sama saktinya
4. Mo, go, bo, tho, ngo,
yang berarti monggo bothongo atau terserah jiwa raganya
Makna ini sangat dalam, dari
yang pertama honocoroko yang berarti
ada utusan, Tuhan membuat dialam semesta selalu berdampingan satu dengan yang
lain saling berkaiatan, maka dibuat menjadi dua, laki-laki dan perempuan, siang
dan malam, pagi dan sore, dikala siang ada matahari dan dikala malam ada bulan
dan bintang, semua saling membutuhkan dan tidak bisa dipisahkan. Doto sowolo atau datan sawolo yang
mempunyai makna tidak ingkang atau selalu patuh atau setia, seperti matahari
dan bulan akan selalu bekerja secara terus menerus yang tidak ada hentinya,
karena semua hidup didalam kehidupan, maksutnya hanya menjalani tugasnya
sebagai makluk hidup yang selalu menjalankan tugasnya dari yang maha hidup,
karena semua makluk ciptaan Tuhan itu hidup, hanya dimensinya saja yang berbeda
dengan manusia, karena berbeda frekuensinya maka manusia sangat jarang
mengetahui bahasa hidup yang ada dialam Karen masih ada banyak halangan dan
hambatan yang menutup hati manusia, dikala hati sudah terbuka, maka orang akan
tahu maknanya hidup yang sesungguhnya, ada hidup didalam hidup, ada air didalam
air, ada tanah didalam tanah, ada api didalam api, ada udara didalam udara. Kenapa
bisa begini, contohnya sebagai berikut, manusia sedah mencakup semua unsure tersebut,
manusia hidup dengan menginjakkan kaki dibumi, makan dari dari sari patinya
bumi yang terlah menjalani rantai kehidupan melalui tumbuhan, dan ia hidup dari
unsure tanah dan tanah mencukupi seluruh hidup manusia, dari yang menumbuhkan
tanaman, sampai menyediakan gas, minyak, air dan segalanya. Ada air didalam
air, didalam tubuh manusia terdiri dari air sebagai media untuk mencukupi
kebutuhan organ didalam tubuh, sehingga manusia bisa berkembang, selalu membawa
dan mengedarkan zat-zat yang dibutuhkan organ, semua organ akan selalu
berkaiatn dan saling menghidupi dengan yang lain, satu organ yang tidak normal
akan mempengaruhi organ yang lain. Ada api didalam api yang saya maksut adalah sumber
dari semangat atau spirit didalam tubuh manusia sebagai media untuk menjalani
hidup yang dituangkan dalam rasa bahagia, rindu, senang, bersemangat, marah, sedih, atau
sebagai trigger atau pemicu munculnya rasa.
Udara didalam udara, manusia yang menghirup udara didalam alam raya akan
masuk kedlam tubuh mebagai pendorong mempercepat proses hidup, aliran darah
tidak akan cepat beredar kalau paru-parunya tidak terisi udara, udara akan
dihisap dan dikeluarkan melalui saluran pernafasan keluar masuk akan
mempengaruhi kinerja jantung untunk memompa sekaligus menarik darah kembali
kejantung. Dari kata honocoroko dotosowolo artinya ono coroko dato sowolo
maksutnya ada utusan yang tidak ingkar atau ada utusan yang sangat setia yang
terdiri dua yang saling berkaitan yang mempunyai tugas sendiri-sendiri tanpa mencela
dan mengalahkan satu dengan yang lain, seperti matahari dan bulan yang tidak
akan menghimput satu dengan yang lain didalam garis orbitnya, sekarang yang
banyak adalah manusia laki-laki dan perempuan yang tidak bisa menyelaraskan tugasnya
dalam hidup, katanya sudah tidak ada kesepahaman atau tidak cocok, atau sudah
berbeda. Tuhan memang membuat dua yang berbeda dengan adanya beda tersebut akan
menimbulkan hasil, yang ada laki-laki atau perempuan saja maka tidak mungkin
mempunyai hasil buah karya dengan campur Tuhan yang berupa keturunan, dengan
dibuat berjodoh tersebut maka akan ada kehidupan yang selalu berputar, didalam
tubuh ada pembulu arteri dan vena, yang keluar dari jantung dan yang masuk
kedalam jantung, ada yang lahir dan ada yang mati, ada panas dan ada yang
dingin, semua beda tetepi saling menghidupi dengan yang lain. Podhojoyonyo atau podo joyonyo yang mempunyai arti sama-sama saktinya, seperti siang
tidak bisa mengalahkan malam atau malam mengalahkan siang, semua akan selalu
silih berganti, dikala didunia banyak kerusakan maka Tuhan akan mengutus utusan
membenahi kehidupan, orang jawa mengatakan sebagai ratu adil atau mesias dapat
berupa seorang nabi, rosul, wali, pimpinan Negara yang bijaksana atau ketua RT
yang sangat bijaksana. Kadang pemaknaan ini hanya pimpinan yang besar dan
mempengaruhi dalam kehidupan yang luas, dan yang paling kecil tapi paling besar
adalah pengaturan didalam manusia untuk menjalani hidup, dikala didalam jiwa
raganya sudah adil maka akan mempengaruhi kehidupan diluarnya akan lebih baik,
orang jawa menamakan ajur ajer sepadaning titah. Tidak aka nada gejolak,
pertengkaran didalam rumah tangga, perkelahian masal atau perang antar Negara. Akan
tetapi didalam kehidupan yang aman tentram akan muncul kehancuran ini harus
terjadi karena siklus hidup harus demikian supaya dapat berlangsung lama,
seperti pagi yang merangkat siang maka malam akan merangkak siang juga. Ketika Tuhan
menciptakan malaikat izajil sebagai penggoda iman manusia maka Tuhan juga
menciptakan malaikat jibril sebagai penyeimbangannya, kedua malaikan ini tidak
berbenturan dengan perkelahiannya akan tetapi akan menjalani perintah tugas
dari Tuhannya. Ketika malaikat izajil diberi tugas untuk menggoda manusia ia
tidak mungkin mengingkari tugasnya berubah memberi wahyu karena tugasnya memang
demikian, atau malaikat jibril akan sebaliknya, ini yang dinamakan dotosowolo podho joyonyo atau datan sawolo
kang podho joyonya, artinya patuh dan sama-sama saktinya. Baik tidak bisa mengalahkan buruk dan buruk
tidak akan mengalahkan baik karena itu hanya proses hidup untuk meneruskan
hidup supaya hidup, dikala sudah tidak ada keduanya maka akan menjadi mati. Ketika
matahari dan bulan tau bumi dan isi jagat raya tidak berjalan digaris orbitnya
atau sudah tidak ada pergantian maka akan hancurlah jagad seisinya, dikala
didunia hanya ada laki-laki maka setelah laki-laki mati maka tidak akan lagi
keturunan yang meneruskan atau sebaliknya. Kalau orang Bali menggambarkan dalam
acara tarian barong dan leak, yang menggambarkan keburukan dan kebaikan yang
tidak bisa mengalahkan satu dengan yang lain. Mogobothongo atau manggo bothongo, monggo yang berarti silahkan dan bothongo yang berarti bathang, bangkai atau jiwa raga, dalam pemaknaan dapat
dikatan pasarah, iklas, orang jawa mengatakan tadah yang berarti bekerja tanpo
pamrih didalam menjalani hidup. Akan tetapi sekarang sangat jarang sekali
menemukan yang bisa sedemikian rupa, dengan Tuhannya saja menjalankan ibadah
dengan mengharapkan surge, sedangkan dasar dari ibadah saja tidak dijalankan
yaitu iklas, ini dapat digambarkan sebgai berikut, kita belajar didalam kelas, malas
dan tidak bisa menyelesaikan soal dengan benar, selama satu tahun nilainya
jelek maka guru tidak akan menaikkan kekelas selanjutnya. Didalam hidup akan
sedemikian juga, dengan menjalankan perilaku yang baik yang berdasarkan rasa
hidup maka dengan tidak usah protes maka Tuhan akan menempatkan diri kita
ketempat yang lebih baik, perilaku kemarin adalah cerminan buah hasil sekarang,
perilaku sekarang adalah buah hasilnya besuk, kalau kita dipenjara sekarang
adalah menjalani hukuman perilaku kita yang telah kita jalankan, dan perilaku
kita yang sekarang maka akan berakibat pada hasil yang akan datang. Dari pemaknaan
terahir tadi semua perjalanan hidup dan perputaran hidup didalam jagad seisinya
adalah kehendak Tuhan yang selalu memgatur dan menguasainya.
Makna yang lain adalah sebagai berikut yang kita pecah
menjadi per huruf, yang mempunyai perjalanan awal dan ahir dari segalanya :
1. Ho :
ingsun kang dumadi, purwo madyo, wasono, yang dimaksut sebelum adanya sesuatu
yang ada adalah ingsung yang bersifat semuanya, sak durunge ono hono sing ono
amung ono yang ingsun, ono alam alam awang uwung sing ono suwung yo sang ono yo
ingsun. Yang saya maksut adalah sebagai berikut, sebelum adanya jagat seisinya
dan makluk apapun yang ada adalah haya Tuhan, maka dalam spiritual ada
pencarian masuk dalam alam suwung untuk mencari jatidiri, yaitu pencarian
keTuhanan yang sebenarnya, dengan cara memperbaiki perilaku dan tatanan jiwa,
karena dengan demikian hatinya yang jadi tempat naungan sang ono akan terbuka dan bisa menemukannya.
2. No :
Nitahake kang wenang nyipto lan ngrusak, yang artinya mewujutkan, atau
menciptakan apa saja menjadi ada, Nitahake dadi ono.
3. Co :
cahyo maknane pepadang kang tanpo wates, artinya penerangan yang tidak ada batasnya,
Tuhan member penerangan kepada semua makluknya tanpa membedakan apapun
wujutnya, tanpa membedakan jender, suku agama atau warna kulit, karena bersifat
adil, sampai babi, anjing, semut gajah, bumi, planet semua mendapatkannya,
sebagai contoh ada orang berbeda agama yang bersama-sama ditengah lapangan,
Tuhan tidak akan memilih salah satu diberi awan diatasnya supaya teduh dan yang
lain menjadi kepanasan, semua akan mendapat kebagian yang sama, yang mempunyai
pemahaman yang berbeda karena manusia sudah member sekat dan mengotak-kotakkan
sendiri yang ahirnya merasa benar dan menang sendiri, sedangkan alam bersifat
murni dan tidak akan membedakan satu dengan yang lain, garam sejak dulu rasanya
asin, kalau dimakan bersama orang Cina, Arab, India, Inggris, Indonesia sama
rasanya akan tetapi beda bahasa verbalnya akan tetapi bahasa rasanya akan sama.
4. Ro :
Roso yang artinya rasa, rasa ini sangat adil dan tidak memihak, kalau merah ya
merah dan tidak akan menjadi putih, orang yang selalu mengikuti rasanya akan
menjalani hidup lebih lurus, orang jawa mengatakan kalau ingin mengetahui makna
hidup harus dengan cara Ngadep urip nunggang roso, kita akan mengetahui makna
hidup dan kehidupan dengan cara mengedepankan rasa, Tuhan tidak bisa dilihat,
di cium, di raba atau dirasakan seperti angin, kalau angin masih bisa dirasakan
alirannya, tetapi Tuhan tidak bisa demikian, karena hanya bisa dirasakan
didalam hati. Maka harus mengedepankan andhisekake roso ojo andhisekake karep.
5. Ko :
karso artinya karep atau keinginan
6. Do :
dumadi yang berarti menjadi wujut
7. To :
titising sabdo artinya terjadinya ucapan, atau menjadi ujud karena ucapan
8. So :
saliring roso, yoiku sipat ono tan ono wiwite, yang dimaksut mempunyai sifat
sesuatu akan tetapi tidak ada awalannya
9. Wo :
wandyo, kang ateges wahono kang winandyo utowo kedaden kang tan winates,
maksutnya kejadian kehidupan yang berulang-ulang terus, maka hidup selalu
bulat, akan mencapai titik kembali.
10. Lo :
laksono, tumindak yang artinya dilakukan atau menjalankan tugas
11. Po :
pandyo utowo wadah, papan yang artinya tempat, manusia hidup membutuhkan
tempat, mau menurunkan keturunan membutuhkan tempat yaitu rahim, mau tidak
kehujanan membutuhkan rumah sebagai tempat bernaung, mau menjalani hidup
didunia membutuhkan raga untuk memperagakan gerakan hidup, ini dikatakan curigo
kang manjing sakjeroning warongko, ketika Tuhan meniupkan ruh ke dalam raga
maka baru akan ada denyut kehidupan, seperti wayang kulit yang digerakkan oleh
sang dalang.
12. Dho :
Dhawuhing kang murbo artinya perintah yang menguasai
13. Jo :
jagad artinya alam seisinya
14. Yo :
yekti, sejati, jujur, noto, ora goroh artinya nyata, jujur dan tidak bohong,
jadi apa adanya.
15. Nyo
: Nyawji, manunggal kalau orang arab mengatakan tauhid yang mempunyai makna
menjadi satu, di jawa terkenal dengan manunggaling kawulo gusti, kemanunggalan
manusia dengan rasa ketuhanannya, gusti dari kata bagusing ati atau
bagus-bagusnya hati, kalau kita hidup sudah manunggal dengan sebagus-bagusnya
hati atau menjalankan sebaik-baiknya hati maka hidup kita akan menjadi benar
dan tidak melenceng dari aturan ketuhanan atau wewalering urip.
16. Mo :
maremane artinya kesuksesan tau nilai puncak
17. Go :
gantyo, rubah artinya berubah
18. Bo :
binuko, diweruhi artinya terbuka akan segala hal dari yang bersifat rahasia dan
masih dalam kesamaran., ini pemaknaan manusia yang sudah menemukan kejatening
urip tau menemukan makna hidup yang sebenarnya
19. Tho
: thukul, tuwuh, luwar soko asal, yang bermakna tumbuh atau bersemi keluar dari
asal, dikala penutup hati sudah terbuka, dari penutupnya yaitu dari sifat-sifat
jelek iri, dengki, keangkara murkaan, ragu-ragu, was-was yang pada dasarnya
tidak hening atau menjalankan semestinya sudah dapat dihilangkan maka mulai
tumbuh kesadarannya, ini dapat digambarkan sang bima yang bisa merobek mulut
naga yang melilit raganya, naga dari kata nogo atau ulo yang berarti olo tau
jelek, ketika besa menghilangkan kejelekan dari jiwa raganya maka mulai tumbuh
rasa hidup karena mendapatkan cahaya yang tidak ada batasnya, cahyo kang tan
winates.
20. Ngo :
ngangkoso, ngawiyat, mabur artinya terbang, pemaknaanya adalah ketika orang
sudah terbuka hatinya dan mendapatkan pencerahan maka ia akan terbebas dan bisa
menjalani hidup dengan baik, seperti halnya kupu-kupu yang keluar dari
kepompong, ketika sudah masuk dalam alam suwung yang tidak tahu arahnya, ini
digambarkan ulat yang berada didalam kepompong yang sudah meninggalkan semua
kejelekan yang masuk dalam alam suwung atau gelap gulita yang tidak tahu arah
dan tujuan maka dengan kepasrahan yang sudah mengerucut Tuhan akan member jalan
yang lebih baik, yaitu menjadi kupu-kupu. Seperti halnya manusia yang sudah
mengerucut tujuan hidupnya maka akan ada titik puncak menemukan jati diri yang
sesungguhnya.yaitu Tuhan yang satu.
Langganan:
Postingan (Atom)