NOTO
ROSO YO NOTO URIP
Ati kang dadi kekandangane
roso kang sajroning manungso, kang kabelenggu dening erubiruning lakuning karep
soko tuke pikiran, bakal gubel lan naleni kang kenceng nganti ati ora biso
bongo lan ngremboko, mulo bisane urip kudu podho dilakoni, yo iku noto rosone,
sajroning noto roso bakal katoto uripe dening kang moho urip, yen at iwis
tinarbuka lan nyawiji marang kang gawe urip lagi biso ngrasakake urip kang
sejati, amargo manungso lagi oleh trontong-trontong pepadanging urip kang biso
mbuko lan menehi pepadang kanggo nglakoni urip, neng kono wong kang mastani
nyawiji rasane, utowo manunggal roso, yen wong Arab mastani ilmu tauhid utowo
ilmu panunggal kang dadi prasapane manungso kang lagi ngrumasuk agomo Islam
kang ka purwo yoiku ngucapake syahadat tauhid, yen wis manunggal manungso oleh
pepadang arupo wisik kang metune soko ati sanubari kang paling jero dewe kang
dadi tuking roso sing dadi lelantaraning manungso mangerteni dawuhing Gusti. Kang
ora mbedakake manungso soko kulite, agamane kapercayane cacat utuhing badan
sarandhu, keno diumpamakake ibarate moto picek sikil bunting, yen teko rosone
marang Gusti yo dadi manungso sing sejati kang bisa diarani wong tuwo, amargo
biso ngadep urip nunggang roso
Neng kono manungso lagi
ngancik urip kang tumoto dening kang Moho urip, banjur manungso oleh kang den
arani kamirahaning Gusti lan gangsar lancar samubarang kalir, yo iku cukup,
sing dikarepane pedomane ora duwe opo-opo yen butuh ono, amargo Gusti maringi
lan nyukupi butuhe manungso ora nuruti karepe manungso. Dumadine duwur tan
sundul, caket tanpo senggolan, keri tututono, sekti tanpo aji montro, anane
among mangerti, waspodho marang laku jantraning urip. Bisone kelakon mau kudhu
adedasar tulus, iklas marang uripe, gampangane tadah, pradah, ora wegah, utowo
diarani tansah sukur paringane Gusti, iklas nglakoni dawuhe lan sabar ngadepi
kahanan opo wae kanthi dasar tansah eling lan waspodho. Yen durung iklas ojo
ngarep arep biso nglakoni tentrem atine banjur kabuki oleh dawuhing Gusti,
mulane noto roso ora biso dilakoni nganggo sakedeping mripat utawo suwene
sakjleriting thathit, nanging kudu dilakoni kanthi sabar lan ora grusa grusu,
amorgo akeh kang dipilah lan dipih sing nganti premati supoyo ora nglanggar
soko paugeraning urip lantaran rosoning manungso kang paling jero dewe.